Kawruh basa jawa
Tembung saroja yaiku tembung loro sing padha tegese utawa meh padha dianggo bebarengan.
Panganggone Tembung Saroja :
Tembung saroja yaiku tembung loro sing padha tegese utawa meh padha dianggo bebarengan.
Panganggone Tembung Saroja :
- Wong Jawa pranyata nduweni kabudayan kang adi luhung.
- Pegaweyane mung angkat junjung, apa bisa nyukupi kebutuhane kulawargane ?
- Direwangi njungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo mangan saben dinane.
- Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah prakosa.
- Satriya ing Madukara iya raden Harjuna pranyata satriya kang sekti mandraguna. Tembung saroja :
| 1. Adi luhung | 1. Jejel riyel | 1. Remuk rempu |
| 2. Ajur mumur | 2. Jungkir walik | 2. Sabar drana |
| 3. Amrik minging | 3. Kadang kadeyan | 3. Sambat sebut |
| 4. Andhap asor | 4. Kadhang kala | 4. Sapa aruh |
| 5. Angkat junjung | 5. Kajen karingan | 5. Sato kewan |
| 6. Arum wangi | 6. Kasep lalu | 6. Sayuk rukun |
| 7. Asih tresna | 7. Kepalu kepenthung | 7. Sembah sujud |
| 8. Babak belur | 8. Kepalu ketutu | 8. Sembah sungkem |
| 9. Babak bundhas | 9. Kesampar kesandhung | 9. Setya tuhu |
| 10. Bagas waras | 10. Kocap kacarita | 10. Sisik melik |
| 11. Bala koswa | 11. Kongas ngambar | 11. Sisip sembir |
| 12. Baya pakewuh | 12. Kukuh bakuh | 12. Solah bawa |
| 13. Bayu bajra | 13. Labuh labet | 13. Solah tingkah |
| 14. Bibit kawit | 14. Lagak lageyan | 14. Sotya retna |
| 15. Bojana andrawina | 15. Lagak lagu | 15. Suka rena |
| 16. Budi pakarti | 16. Lalu lunges | 16. Tambal sulam |
| 17. Campur adhuk | 17. Lega lila | 17. Tandang grayang |
| 18. Campur bawur | 18. Lir pendah | 18. Tandang tanduk |
| 19. Candhak cekel | 19. Malang megung | 19. Tanem tuwuh |
| 20. Colong jupuk | 20. Mobah mosik | 20. Tapa brata |
| 21. Dana driyah | 21. Mudha dama | 21. Tata karma |
| 22. Dana weweh | 22. Mudha pinging | 22. Tata rakit |
| 23. Dhawuh pangandika | 23. Mudha punggung | 23. Tata trapsila |
| 24. Dhawuh timbalan | 24. Mudha taruna | 24. Tedheng aling-aling |
| 25. Dhedhep tidhem | 25. Mukti wibawa | 25. Teguh santosa |
| 26. Dhodhok seleh | 26. Mula buka | 26. Tepa palupi |
| 27. Donga puji | 27. Mulang muruk | 27. Tepa tuladha |
| 28. Edi peni | 28. Murub mubyar | 28. Terang trawaca |
| 29. Gagah prakosa | 29. Nistha papa | 29. Tindak tanduk |
| 30. Galap gangsul | 30. Njarah rayah | 30. Tingkah laku |
| 31. Gandhes luwes | 31. Nyampar nyandhung | 31. Ubeng inger |
| 32. Gendhon rukon | 32. Owah gingsir | 32. Undha usuk |
| 33. Gilir gumanti | 33. Papa cintraka | 33. Utang selang |
| 34. Girang gumuyu | 34. Pasang rakit | 34. Wadya bala |
| 35. Godha rencana | 35. Puji pandonga | 35. Watak wantu |
| 36. Guyub rukun | 36. Rahayu slamet | 36. Welas asih |
| 37. Iguh pratikel | 37. Rame gumuruh | 37. Wiring isin |
| 38. Jalma manungsa | 38. Rebut dhucung | 38. Wor suh |
| 39. Japa mantra | 39. Reka daya | 39. Wulang wuruk |
| 40. Jebat kasturi |
06.31
Ruang Download

Posted in: 

0 komentar:
Posting Komentar